01
» Peraga: Markun, Hoyi', Oneng, Sarpan Swasana: Sengsem, Mantheng … Karrangan: Sarpan andon tresna kaliyan Hoyi
. 01.HOYI Kakang Sarpan.
02.5ARPAN ' " Ana apa, Hoyi.
03. HOYI Kumandhange kidung katresnanmu sepisan iki, ndak tampa krasa kemba (mandheg) Rakitaning tembang kangenmu kang manis manuhara, krasa getir ana ing atiku. Apa sebabe, Kakang?
04. SARPAN . Mbokmenawa wae, gregeting kangen kang ngebaki dhadhaku iki sing njaiari , pratelane tresnaku krasa kemba; Mangka sejatine atiku lagi kerem ing kabungahan merga andon raraskaro kenya pepujaning atiku.'
05. HOYI .
Nanging soroting mripatmu, wicaramu ian soiah bawamu nuduhake yen kowe iagi ketaman ribet. Kepara ana tungtume bingung (unja napas) Mung emane kowe OIa geiem biaka marang aku. Jalaran mg pojoking atim J, mandheg mangu marang kasetyan ian tresnaku?
06 SARPAN
..Kasetyan ian tresnamu tetep ndak gegem kenceng senajan atiku kinemuian ' ribet Ian bingung merga ketaman perkara. *
07. HOYI (mesem) Mesthi perkara wong tuwane dhewe sing beda penemu ian piiihan.
O8 SARPAN . (rada gumun) Kok kowe malah ngerti, Hoyi?
. 09 HOYI . (mesem) Senajan kowe ora biaka nanging aku ngerti. Bapakmu ian Bapakku ora nunggal dalan. (mandheg) Bapakmu setya ian bekti marang Raden Trunajaya sing duwe gegayuhun nundhung Kumpeni. Dene Bapakku, nyengkuyung panguwasa Metaram sing sambung seduluran karo Kumpeni.
10.SARPAN Sing tak gumuni. Bedaning penemu Ian pilihaning urip iku, njalari Bapakmu lan Bapakku ora srawung, apameneh rukun. Yen perkara iki ora enggal dirampungke mesthi bakal tuwuh pasulayan. Merga Bapakmu punggawa Metaram, Bapakku pendhereke Raden Trunajaya.
. 11.HOYI (mesem -yakin) Yen ditimbang tenan, sing bener Bapakmu. Ning yen disawang saka kasunyatan, Bapakku uga ora luput. Sebab penemu lan ' pilihaning uripe, wis dipasrahke marang panguwasa Metaram.
12.SARPAN (nyaut --_ manteb) Ning panguwasa Metaram iku gawe cilaka lan sengsarane kawula, Hoyi! Diwawas seka ngendi wae, nganggo landhesan apa wae, penemu lan pilihane Bapakmu klerul
13.HOYI (nyaut sareh) Kleru tumrap kowe, ning ora kleru tumrap Bapak. Merga ' Bapak netepi sumpahe minangka punggawa Metaram. .
14.5ARPAN (nyaut -manteb) Yen Bapakmu netepi sumpahe, lan Bapakku ngugemi kasetyane, gegayuhanmu lan gegayuhanku mung bakal dadi impenl Aku lan koweora bakal sesandhingan urip, pinayungan ing janji agung! Lan sing luwih nggegirisi meneh, Bapakmu bakal dicenges wong okeh merga ngeboti sewenang-wenange panguwasa, ngidak rasa kabangsan lan ngrusak rasa kamanungsan! !
‘ ' 15.HOYI _
(kebak tresna) Kakang. Kepiasing pikirmu ora mung nuduhake gedhening tresnamu. Nanging uga mbukak atimu sing ringkih. Sebab nyatane, kowe durung wani nampakasunyatan. Yen bedaning penemu lan pilihaning urip iku, yekti dudu pepalang. Nanging kanugrahan. ...Kanugrahan peparing Ndalem Gusti marang umate. (mesem mundur)
Kakang, aku pamit. Senajan aku lunga, tresnaku tetep ana kene. Merga aku percaya, katresnan iku nuwuhake rasa tentrem.
6.0NENG _ Le...., tangi Le...tangi....ana apa, he?!
~ 17. SARPAN (tangi) Mbok?! Hoyi nengendi?! Pamit kowe ora?!
18 .ONENG Weihaa, bocah iki! Lesupit wae durung suwe kok endang ngimpi ketemu cah wedak! Kowe wis wani tenan pa Le?! Wani tenan, hiya?!
19.3ARPAN Kula niku pun gedhe Mbok.
20.0NENG Owwaalah sokur Le..!! Lanang tenan kowe!
_ 21.SARPAN Simbok niku pripun ta, kuia kalih Hoyi niku pun padha senenge. Malah pun tau janji ajeng omah-omah.
22.0NENG ( nyaut gembira) Woo ha Nek ngono, gek omong Bapakmu wae! Periune kowe karo Hoyi diarak mubeng desa, diresmekke neng penguin. Wong Simbok ya wis kepingin momong putu. Ning anu Le, bocahe wis meteng durung?
23.5ARPAN Hanggih dereng!
24. ONENG (disaut)Ya, Sokur Le ..... tegese kowe isih keiingan Gusti Allah!
___MARKUN BAPAKIPUN SARPAN DHATENG
25.MARKUN Yok apa ikimgi bengi gak nek langgar. But nyebut asmane Gusti Allah!
26.0NENG Pakne....,, riki ta kula kandhani. Sampeyan mesthi seneng!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar